Welcome to my blog, hope you enjoy reading :)
RSS

Rabu, 15 Desember 2010

KEARIFAN LOKAL


Ånå sub topík síng dipilíh ing Kongrès Basa Jawa (KBJ) IV taún 2006, yåkuwi ‘kêarifan lokal'.
Ånå ing ranah kabudayan, kêarifan lokal dadi pérangan wigati amargå cakêt lan rakêt karo babagan nilai (values) síng adi (luhúr, luhúng).
Sinêbút kêarifan lokal amargå duwèni sipat unik, apík, onjå lan unggúl. Têmbúngé måncå sinêbút local gènius.
Jênêngé waé kêarifan lokal mulå akèh tinêmu ånå ing tataran ‘lokal'. Munggahé, biså tinêmu ånå ing tataran utåwå kawasan règional.
Kêarifan lokal bisa tinêmu ånå ing tataran kabupatèn utåwå provinsi.
Têbané jêmbar, tinêmu akèh, lan biså dadi gujêngan kanggo ngudhari prêkara (pêrsoalan) síng ånå.
Kêarifan lokal bisa dadi ‘sikap kandêl' ngadhêpi kaanan síng lagi kasandhang.
Kajåbå såkå iku kêarifan lokal biså dadi sangu kanggo ngadhêpi kêsusahan.
Malah bisa kanggo mulihaké kaanan (kajiwan) tumrap síng lagi susah, umpamané bêncana alam síng matumpå-tumpå.
Kêarifan lokal biså dadi sarånå ngudhari prêkårå síng sêpélé.
Nangíng ugå ånå kêarifan lokal síng biså dadi pancatan kanggo ngudhari prêkårå gêdhé, umpamané prêkårå utawa pêrsoalan nagårå.
Ånå ing KBJ IV topik ngênani kêarifan lokal didêlêng lan dipandêng karo substansi (sêsanti) ‘bhinéka tunggal ika'. Pitakónan síng prêlu diusúng yåkuwi: åpå ånå kêarifan lokal síng bisa njurúng sêmangat bhinéka tunggal ika?.
Akèh bangêt babagan síng nudúhaké prêluné kêarifan lokal didhudhah lan didayakaké kanggo ngudhari prêkårå bångså lan nagårå wêktu iki.
Mênåwå wêktu iki akèh drêdah ing babagan politik, åpå ånå kêarifan lokal síng biså dicakaké kanggo ngudhari lan ndadani kaanan politik, ékonomi, sosial lan kêmasyarakatan. Åpå ånå kêarifan lokal síng biså dadi gujêngan kanggo ngadhêpi akèhing bancånå ing taún-taún kêpungkúr iki?.
Karånå iku, putusan KBJ IV Taún 2006 mrayogakaké prêluné kêarifan lokal diinvêntarisasi lan diidèntifikasi.

Sumbêr kêarifan lokal
Kêarian lokal duwèni sumbêr, yåkuwi tradhisi síng diuri-uri.
Kêjåbå såkå iku kêarifan lokal ugå tinêmu ånå ing adat istiadat.
Ånå ing bêbrayan Jåwå, antarané tradhisi lan adat istiadat dianggêp padha.
Adat ngêmót babagan aturan, paugêran utåwå pranatan síng ora tinulís.
Mulå banjúr ånå síng diarani hukúm adat.
Ånå ing bêbrayan, tradhisi ditêgêsi pådhå karo adat istiadat síng lumaku rún têmurún.
Ånå tradhisi lisan ånå tradhisi síng tinulís.
Ki Juru Martani II ånå ing bukuné ‘Tradhisi Sosial' njlèntrèhaké bab tradhisi komplit bangêt.
Têmbúng tradhisi dumadi såkå têmbúng ing båså Latin yakuwi tradere. utåwå såkå têmbúng båså Inggris tradition, transmit, handing down, síng têgêsé ‘síng diparingaké'. Bab wigati síng diparingaké såkå ndhuwúr mêngisór.
Såpå síng maringaké? Síng maringaké yåkuwi Gusti Allah Síng Måhå Luhúr.
Åpå síng diparíngaké? Manút andarané Ki Jurumartani, babagan síng diparingaké rupå wisdom.
Dudu human wisdom såkå obahing pakarti manungså, nanging wisdom divine in origin , Prinsip Yang Têrtinggi (Supreme Principle) síng sipat kudús (Hagia Sophia).
Prinsip-prinsip síng diparingaké yåkuwi dóktrin síng isiné ajaran, wulangan, pangawikan, utåwå tuntunan.
Babagan síng diparingaké biså dipilah dadi loro yåkuwi dóktrin réligi lan dóktrin métapisika.
Têbané akèh bangêt amargå nyakúp tradhisi síng dituntún déning agåmå-agåmå síng ånå ing donyå.
Akèh bangêt tradhisi síng ngêmót wulangan, ajaran, wêwalêr, utåwå tuntunan síng dibiwarakaké, lan diprênahaké déníng pårå Nabi lan pårå Wali.
Kajåbå såkå iku ånå tradisi síng dituntún déníng ajaran métapisikå.
Karånå iku tradhisi nyakúp samubarang síng wigati, duwèni njilai síng sakral, adi lan luhúng amargå paringané Gusti Allah Síng Måhå Luhúr.
Karånå iku têbané jêmbar lan nyakúp bab-bab síng sambúng karo panguripan. Panguripan ånå ing alam donya síng biså nuntún kaanan ånå ing akhérat.
Wêwatón sêjarah kabudayan ing pulo Jåwå tinêmu tradhisi síng akèh.
Ånå síng rupa tradhisi lisan síng lumaku rún têmurún. Tradhisi lisan síng lumaku banjúr ngrêmbaka amargå ånå tutúr síng tinular.
Yå amargå obahíng kaanan ånå tradhisi lisan síng owah utåwå ilang.
Nangíng ugå ånå tradhisi lisan síng diuri-uri lan dilêstarèkaké.
Kêjaba tradhisi lisan ugå ånå tradhisi tulís. Akèh tradhisi síng tinêmu ånå ing manuskrip-manuskrip, naskah-naskah kuno, sastrå-sastrå (Jawa) kuno. Isiné akèh síng ngêmót wulangan síng sakral, adi (luhúr, luhúng) síng dibiwarakaké utåwå ditulís déníng pårå mpu lan pujånggå.
Tradhisi síng dituntún déníng ajaran agåmå utåwå ajaran métapisika dadi tuk utåwå sumbêr kêarifan lokal síng migunani panguripan. Biså dadi landhêsan utåwå gujêngan kanggo ngadhêpi kaanan.

Kêarifan Lokal (2)
Ånå sêpulúh makalah síng diandharaké ånå ing komisi Kêarifan Lokal rikålå KBJ IV Taún 2006.
Båpå Soêtómo WE njlèntrèhaké bab Kêarifan Bangsa síng ånå ing tuturan Basa Jawa.
Akèh bangêt tuturan båså Jåwå síng wujúdé sanêpå, wangsalan, wulangan, wêwalêr, janji utåwå prasêtyå, lan liya-liyané síng duwé suråså utåwå nilai síng adi luhúr (luhúng).
Mênåwå dijingglêng ånå wós síng sipat spiritual lan babagan ånå ing alam donya.
Ånå síng bisa dicakaké ånå ing ranah pêndidikan, pêmêrintahan lan kêmasyarakatan.
Ånå ing ranah pêndhidhikan tinêmu wulangan såkå Suwardi Suryaningrat yåkuwi ‘ing ngarsa sung tulådhå, ing madyå mangún karså, tut wuri handayani'.
Sêsanti såkå Ki Hajar Déwantara iki dadi kawêntar ora mung ånå ing pasinaón nanging cócók mênåwå dicakaké ånå ing pêmêrintahan.
Pårå pêmimpín pêmêrintahan diprayogakaké biså ngêcakaké kanthi bêcik. Mênåwå lagi ånå ngarêp síng biså mènèhi tulådhå síng bêcik.
Mênåwå ånå ing têngahing bêbrayan síng bisa nyurúng lan nggugah sêmangat.
Mênåwå kêpênêran lagi ånå mburi síng biså mrêbawani utåwå ndayani síng dipimpín.
Ånå ing ranah pêmêrintahan ånå manèh tuturan kanggo pårå pêmimpín síng prêlu duwé watak têgúh ing janji, síng sinêbút ‘bêrbudi båwå laksånå'.
Pêmimpín prêlu nêtêpi síng dadi ujaré.
Åjå duwé ujar síng banjúr ditêmbungi méncla ménclé, ésúk dhêlé soré témpé, soré dhêlé ésúk témpé.
Wós utåwå nilai ånå ing tuturan ‘bêrbudi båwå laksånå' mênåwå ora dicakaké bisa ngrubúhaké kawibawan.
Ånå manèh tuturan utåwå wulangan såkå Radèn Mas Panji Sósrókartónó yåkuwi: ‘nglurúg tanpå bålå, sêkti tanpå aji, mênang tanpå ngasóraké, lan sugih tanpå båndhå'. Mênåwå ditaliti tuturan kasêbút bisa dadi landhêsan ånå ing politik utåwå ayahan diplomasi.
Ånå ing ranah politik, sêsanti mênang tanpå ngasóraké biså ditêmbungi nganggo basa manca, yakuwi ‘win-win solution'. Båpå Soêtomo WE ugå mêthík wulangan såkå Sêrat Wêdhåtåmå anggitané Sri Mangkunagårå IV yåkuwi
‘ilmu iku kalakóné kanthi laku/
lêkasé lawan kas/
têgêsé kas nyantósani/
satyå budyå pangêkêsé dúr angkårå//.
Ånå wulangan yåkuwi ilmu síng biså dadi pawitan utåwå piranti kanggo mujúdaké gêgayuhan.
Kanggo mujúdaké gêgayuhan prêlu laku síng tabêri lan atul. Syair anggitané Sri Mangkunagårå IV duwé pèrspèktif ora múng lahiriyah nanging ugå batiniyah.
Lair lan batín dadi babagan síng ora biså dipisahaké.
Laku batiniyah síng diwulangaké yåkuwi supåyå biså mbudidaya ngêkês dúr angkårå. Watak dúr angkårå kudu disíngkiri.
Têmbungé liyå síng biså ngêndhalèni håwå nêpsu. Síng biså mèpèr håwå nêpsu. Åjå malah ngumbar nêpsu.
Ånå ing komisi Kêarifan Lokal ugå diandharaké tulisané Båpå Puji Santoså síng sêsirah ‘Estétika Kasunyatan' ånå ing Sêrat Warisan langgêng karyané R.Sunartó Mêrtówardóyó. Isiné ngênani pêndhidhikan kajiwan síng ngusúng sêmangat bhinéka tunggal ika. Sawijining réfêrènsi kêarifan lokal síng khas Jåwå kanggo nggayúh kaanan kasunyatan munggahé têkan ‘kasunyatan jati'.
Sabanjuré Ki Purwadi ngandharaké makalah síng irah-irahané ‘Kêarifan Lokal Båså dan Sastrå Jåwå dalam rangka Kêhidupan Bêrbangsa yang Bêr bhinéka tunggal ika'. Ånå ing kéné Ki Purwadi miwiti såkå sêjarah kasusastran Jåwå wiwít såkå jaman Mataram kuno nganti têkan politik kabangsan Majapahít.
Akèh (bangêt) bab utawa prinsip-prinsip síng didhudhah såkå sêrat-sêrat síng ånå jaman iku.
Sêsanti Bhinéka tunggal ika karyané Mpu Tantular dadi artåkåyå kabudayan síng duwèni nilai síng adi luhúr (luhúng) lan ngédab-édabi.
Akèh bangêt prinsip lan nilai-nilai ånå ing kabudayan Jåwå síng biså dadi gujêngan utåwå pawitan ngadhêpi alam global.
Ayahan dokumèntasi lan invèntarisasi ngênani kêarifan lokal såkå túk Jåwå bisa nyumbang utawa mènèhi kóntribusi tumrap pêradaban donya. Isíh nyambúng karo bab local gènius,
Båpå Ayu Sutartó ngandharaké ånå makalah síng asêsirah ‘Kêarifan Lokal, Kêbhinékaan, dan Rékónsiliasi Nasional'.
Mandêng omah gêdhé síng diarani Indonésia ora pas manåwå nganggo wawasan tunggal amargå kaanané manékå warnå.
Dumadiné Indonésia amarga kaanan síng ora homogin nanging hétêrogin.
Têkan wêktu iki Indonésia isih ngadhêpi prêkårå (pêrsoalan) bångså síng ora cilík malah kapårå rumit.
Akèhing prêkårå, kónflík, lan pêpénginan arêp misah såkå tlatah Indonésia amargå kurang kónsistên ngêcakaké nilai-nilai síng ånå ing sêsanti bhinéka tunggal ika.
Karånå iku anané bhinéka tunggal ika prêlu disyukuri minångkå bêrkah paringané Gusti Allah.
Róh bhinéka tunggal ika síng wís ånå wiwít jaman majapahít têkan wêktu saiki iki prêlu diyakini biså dadi dåyå kabudayan síng ngrukunaké lan ngrakêtaké suku-suku bångså ing Indonésia.
Bhinéka tunggal ika manút Båpå Ayu Sutartó minangka sawijiníng kêarifan lokal síng migunani, murakabi, lan gêdhé paédahé tumrap bangsa Indonésia.
Akèh bangêt kêarifan lokal síng biså didhudhah ånå ing kabudayan Jåwå síng biså didayakaké kanggo kêpêntingan bångså.
Masyarakat Jåwå prêlu dadi pêlópór síng biså nyumbang lan ngêcakaké nilai-nilai utåwå kêarifan lokal kanggo kêpêntingan pêrsatuan lan kêsatuan bangsa.

Kêarifan Lokal (3)
Bhinéka tunggal ika biså dipandêng såkå pirang-pirang bab. Wiwít såkå kanyatan rikålå Mpu Tantular mandêng lan nanggapi kaanan wêktu iku nganti têkan kaanan wêktu iki. Rikålå jaman Mpu Tantular wóng-wóng síng ngrungkêbi ‘agåmå' Siwa lan Buda pådå uríp bêbarêngan, guyúb rukún, samad sinamadan, malah ånå síng pådhå bêbésanan.
Ånå ing sêsrawungan tinêmu kaanan síng bisa dikandhakaké nyawiji pådå mangún brayan síng laras.
Anggóné pådhå ngibadah linambaran ‘agåmå' Siwa lan Buda tinêmu apík ora ånå cêcongkrahan.
Wêwatón kaanan iku banjúr laír sêsanti ‘Bhinéka tunggal ika tan hånå darma mangrwa'.
Sêsanti bhinéka tunggal ika sadurúngé kamardikan dijingglêng déníng Búng Karnó. Kaanan sanyatané (das sèin) ånå ing bumi Nuswantårå tinêmu bhinéka utåwå warnå-warnå. Sabanjúré kaanan Ika (nyawiji, manunggal) déníng Búng Karnó ditêmbungi utåwå dipandêng minångkå das sóllen, utåwå kaanan síng arêp diwujúdaké.
Sawijiníng kaanan síng éndah síng arêp dijångkå, yaiku pêrsatuan lan kêsatuan bangså.
Karånå iku, Búng Karnó lan pårå parågå síng arêp ngêdêgaké kamardikan banjúr mapanaké bhinéka tunggal ika nyawiji karo lambang nêgårå rupå manúk Garudhå.
Bhinéka tunggal ika dadi têngêr utåwå lambang síng têbané nêmbús jaman têkan jaman global wêktu iki.
Kaanan multi ètnic tinêmu ånå ing donyå wêktu iki. Sabanjuré kaanan síng sinêbut multi kulturalismê biså diarani trêp utåwå jumbúh karo sêsanti bhinéka.
Sawijiníng kaanan síng tinêmu bédå-bédå síng banjúr nglairaké budåyå síng bédå-bédå.
Sabanjuré supåyå bisa mujúdaké kaanan nyawiji utåwå manunggal prayogå nyêcêp wulangané Mpu Tantular. Tantular-ismê déníng Ir Suyamtó didhudhah amargå duwèni nilai-nilai (values) síng sipaté univêrsal.
Karana iku, spirit utåwå sêmangat bhinéka tunggal ika mujúdaké kêarifan lokal (local gènius) síng laír ånå ing bumi Jåwå karyané Mpu Tantular.
Spirit bhinéka tunggal ika ugå bisa dadi landhêsan utåwå pancadan tumrap ayahan pêmêrintahan lan pêmbangunan.
Mênåwå kaanané bédå-bédå luwíh trêp mênåwå nganggo stratêgi síng bédå-bédå.
Sabanjuré kanggo mujúdaké kaanan supåyå ‘pêrsatuan lan kêsatuan' bångså biså diwujúdaké prêlu landhêsan sêsanti utåwå sêmangat ‘tunggal ika'.
Mênåwå bab iki dicakaké ånå ing pêmêrintahan, prinsip otonomi síng arêp diwujúdaké kudu kawêngku ånå ing sajroníng nagårå síng nyawiji utåwå manunggal.
Bhinéka ora bisa dipisahaké karo tunggal ika. Tunggal ika ora biså ninggalaké kaanan síng bhinéka.
Pêmandêng utåwå wawasan síng sipat bhinéka kudu diimbangi karo pêmandêng utåwå wawasan kê-tunggal-ika-an.
Ånå pérangan kawicaksanan síng kudu sêragam.
Nangíng ugå prêlu garis kawicaksanan síng bédå síng kudu dicakaké ånå tlatah síng ciriné bédå-bédå.
Ånå ing babagan ndayakaké båså lan sastrå Jåwå, sêsanti lan sêmangat bhinéka tunggal ika prêlu ditêngênaké.
Ngênani bab iki, Ibu Kisyani Laksónó njlèntrèhaké ånå ing makalahé síng sêsirah ‘Pêngêmbangan Bahasa dan Sastra Jawa Dalam Pèrspèktif Kêbhinékatunggalikaan'. Akèh bangêt andharané síng nyambúngaké båså lan sastrå Jåwå karo filsafat panguripan. Têmbang Jåwå duwèni wós lan filosofi ånå ing siklus panguripané wóng Jåwå, yakuwi ånå ing têmbang-têmbang: Mijíl, Maskumambang, Sinóm, Asmaradånå, Kinanthi, DHandhanggulå, Gambúh, Dúrmå, Pangkúr, Mêgatrúh lan Púcúng.
Siklus panguripan wiwít laír tumêka ing pati digambaraké ånå têmbang-têmbang kasêbút. Kaanan råså-pangråså, kaéndahan, émosi lan èksprèsi, watak utåwå karaktêr dilambangi ånå ing têmbang-têmbang mau.
Ndhudhah wulangan lan kêarifan lokal síng ånå ing têmbang Jåwå tinêmu akèh bangêt. Akèh bangêt wulangan Jåwå síng biså nuntún supåyå tumindak síng bêcík, utåmå, arif lan wicaksånå.
Kêarifan lokal ånå ing têmbang-têmbang Jawa prêlu di-invêntarisasi, dipilah lan dipilih supåyå dadi gujêngan kanggo ngadhêpi kaanan.
Wulangan båså Jåwå prêlu ditåtå lan disêmpúrnakaké wiwít tataran SD, SMP, SMA/SMK/MA supåyå potènsi kêarifan lokal síng ånå ing båså lan sastrå Jåwå dingêrtèni ånå ing pamulangan sêkolahan.
Ibu Kisyani Laksónó ugå njlèntrèhaké papan lan dunungé båså Jåwå lan båså Indonésia minångkå båså nasional.
Båså Indonésia prêlu dingêrtèni minångkå båså síng biså nyawijèkaké bêbrayan utåwå masyarakat síng tinêmu bédå-bédå kaanané.
Ånå ing swasånå síng rêsmi kênêgaraan prêlu nganggo båså Indonésia.
Nangíng ånå ing swasånå síng ora rêsmi biså waé migunakaké båså Jåwå utåwå båså-båså daérah liyané.
Lumakuné båså-båså ånå ing Indonésia prêlu dipandêng wêwatón papan lan kaanan.
Båså Jåwå lan båså dhaérah liyané prêlu dipapanaké ånå tataran kawicaksanan síng pådhå.
Åjå êmban cindhé êmban siladan.
Åjå múng nêngênaké båså Indonésia lan nglalèkaké utåwå minggíraké båså Jåwå lan båså Dhaérah liyané.
Båpå Arif Budi Wuriantó ugå ngandharaké ånå makalahé síng sêsirah Pêngêmbangan Potènsi Lokal Sêbagai dasar Modèl Pêmbêlajaran Multikultural Bahasa dan Sastra Jawa Pada Jênjang Pêndidikan Dasar.
Kêarifan lokal síng ånå ing båså lan sastrå Jåwå duwèni kêkuatan sosial síng gêdhé bangêt.
Kabèh mau nyambúng karo potènsi budaya Jåwå síng prêlu diwulangaké ånå sêkolahan supåyå dadi póndasi watak síng kukúh kanggo ngadhêpi kaanan síng bédå-bédå. Multikulturalismê prêlu dingêrtèni wiwit tataran sêkolah dasar supåyå mêngkoné muríd-muríd pådhå nyêcêp bab wawasan multikulutral, spirit utåwå sêmangat bhinéka tunggal ika.
Ånå sambungé karo bab iku, wawasan bhinéka tunggal ika prêlu ditêngênaké amargå ånå ing tlatah Jåwå waé tinêmu varian-varian båså Jåwå síng ora pådhå.
Ånå båså Banyumasan utåwå panginyóngan, ånå båså Têgal, båså pêsisiran (kulón lan wétan), båså Surakarta, Ngayogyakarta, Suróbóyó, Mêdurå, båså Usíng, lan liya-liyané. Karånå iku, ayahan lan program kanggo ndayakaké båså Jåwå prêlu landhêsan utåwå lambaran anané varian-varian båså kasêbút.

Kêarifan Lokal (4)
Kêarifan lokal ånå síng nêgêsi ‘dåyå kêkuatan' kanggo nanggapi kaanan åpå waé síng lagi lumaku síng sipat pribadhi, utåwå kaanan masyarakat.
Têbané bisa sipat mikro utåwå makro supåyå biså mujudaké kaanan síng apík ånå tataran lokal, régional, lan nasional.
Ngênani bab iki, Soêtrisman ånå ing KBJ njlèntrèhaké makalahé síng sêsirah ‘Kêarifan Lokal yang Mêngusung Sêmangat Bhinéka tunggal ika'.
Wêwatón sêjarah akèh bangêt kêarifan lokal síng biså didhudhah. Sêjarah kabudayaan síng lumaku ånå ing Indonésia dadi sumbêr kêarifan lokal. Cacahé akèh bangêt síng biså dadi landhêsan kanggo ngadhêpi kaanan síng rupå åpå waé.
Ndhudhah kêarifan lokal ånå ing Jawa Têngah, Dinas Pêndidikan dan Kêbudayaan wis tau nindakaké ayahan invêntarisasi lumantar proyèk IDKD (Invêntarisasi dan Dokumèntasi Kêbudayaan Daérah).
Måcå lan jingglêng lapóran ngênani proyèk iki akèh kêarifan lokal síng wis kasíl diinvêntarisasi.
Kêarifan lokal akèh tinêmu ånå ing tradisi, critå rakyat, sistêm gótóng róyóng, adat istiadat, ungkapan tradisional ngênani sila-sila ana ing Pancasila, unèn-unèn, pêpiridan lan liya-liyané.
Ngênani kêarifan lokal, Arif Budi Wuriantó ugå njlèntrèhaké bab ‘Pêngêmbangan Potènsi Lokal Sêbagai Dasar Modèl Pêmbêlajaran Multi Kultural Bahasa dan Sastra Jawa'.
Ugå dikandhakaké ånå makalahé manåwå kêarifan lokal akèh tinêmu ånå ing tradisi lokal, båså lan sastrå, sistêm kêpêrcayaan, norma, nilai, pêrilaku, lan tradhisi-tradhisi budåyå síng lumaku.
Potènsi lokal síng ånå prêlu didhudhah, dipilah lan dipilíh kanggo bahan ajar ånå ing prosès pêmbêlajaran síng sipaté multi kultural. Potènsi síng ånå ing båså, sastrå, lan budåyå prêlu didayakaké kanggo mbangún kêtahanan budåyå ngadhêpi jaman global.
Sabanjuré mêthík såkå wawasané pakar Donny GahraL Adian, ånå ing ranah biorégional tinêmu basic values síng biså dadi modhal sosial kanggo mujúdaké lêstariné budåyå. Potènsi utåwå kêarifan lokal síng warnå-warnå wujudé prêlu dipandêng nganggo wawasan nasional.
Wawasan lokal prêlu diganêpi nganggo wawasan nasional, amargå siji-sijiné ora biså dipisahaké. Kêarifan lokal síng ånå mujúdaké idèntitas utåwå jatidhiri budåyå bångså síng bhinéka.
Sabanjuré amargå kêarifan lokal mau duwèni nilai-nilai filosofis síng sipaté univêrsal mulå biså dadi dåyå kêkuatan kanggo ngadhêpi globalisasi.
Têmbungé nganggo båså måncå síng populèr yåkuwi ‘act locally, think globally'. Jumangkah (wêwatón) kaanan lokal nangíng mikír utåwå mandêng alam global.
Bab kêarifan lokal pancèn ndudút ati amargå ora múng pakar såkå bumi Nuswantårå nanging akèh bangêt pakar såkå manca nagårå síng nyinau bab kêarifan lokal.
Kabèh mau wêwatón kaanan síng såyå maju lan kêpårå cêpêt lakuné. Akèh bangêt andharané Jóhn Naisbit ånå ing bukuné ‘Global Paradox'.
Dikandhakaké manåwå kaanan ånå ing donyå wêktu iki ora ånå síng pådhå (homogin) nangíng malah hétêrogin.
Sipat multi ètnik lan multi kultural tinêmu akèh ånå ing sabên nagårå. Ngadhêpi globalisasi kaanan síng manéka warnå biså diarani wis dadi kanyatan síng ora biså diilangi. Karånå iku sêsanti ‘act locally think globally' dadi paradigma anyar síng biså dadi gujêngan kanggo nanggapi owah-owahan jaman.
Isíh nyambúng karo kêarifan lokal, sadurungé KBJ digêlar, Déwan Risêt Daérah, ngadani diskusi síng têmané ‘Sumbangan Kêarifan Lokal Jawa untúk Kêséhatan Mèntal Pasca Bêncana Alam'.
Síng rådå ndudút ati andharané Ibu Endang Ekówarni, profésór dóktór psikologi såkå Univêrsitas Gadjah Mada. Bu Endang ngandharaké bab Kêarifan Lokal Jåwå síng magêpókan karo kaanan sawisé bancånå lindhu nêmah tlatah Bantúl lan Klatèn.
Kaanan kajiwan síng nêmah tlatah mau digambaraké: gêtêr, susah, bingúng, têmlawúng, was, samar, judhêg, sumpêg, lan kêkês.
Sawijiníng kaanan masyarakat síng nggrantês lan nyêdhihaké.
Kajåbå såkå iku ugå digambaraké anané patrap síng: ikhlas, sabar, pasrah, sumarah, mupús, lan ånå sapérangan síng nglokro. Sawisé iku tumuli ånå krêntêg: obah, polah, rukún, guyúb, lan banjúr saiyêg saékå pråyå ngadhêpi kaanan. Ngadhêpi kaanan síng nêmah mau ånå motivasi utåwå krêntêg síng rupå kêarifan lokal Jåwå, síng têmbungé:
(1) ‘sanadyan pasrah lan sumarah níng yå kudu obah lan
polah';
(2) ‘kawóntênan kêdah dipún tampi amargi sadåyå
nglampahi mbótên miyambaki'.
Dijlèntrèhakên déning Bu Endang, manåwå akèh kêarifan lokal Jåwå síng biså nuntún kanggo ngadhêpi kaanan.
Kêarifan lokal síng rupa spiritualitas Jåwå nduwèni dåyå kêkuwatan síng ngédab-édabi.
Dåyå kêkuwatané kasurúng déning råså, lan suråså supåyå tansah éling marang Gusti Ingkang Måhå Kawåså.
Kabèh prêlu ngèlingi manåwå mobah mosiking alam kawêngku déníng panguwasaning Gusti Ingkang Murbèng Jagad.


Dening : Ki Sutadi
Image
wangsul

Tidak ada komentar:

Posting Komentar